CANDRA SENGKALA
Candra
tegese rembulan, sengkala utawa sengkalan yaiku tetembungan sing kanggo mengeti
taun supaya gampang anggone ngeling-eling. Candra sengkala iku sengkalan kang
kanggo dhasar lakune rembulan.
Tembung-tembung
sing dienggo ing angka taun, yaiku :
1. Watak
siji : - Bumi, srengenge, rembulan, lintang,
Allah, Gusti,
(eka) manungsa,
tunggal, wutuh, bunder,urip, lsp.
- Perangane awak sing
mung siji, kayata : sirah, gulu, irung, ati, lsp.
2.
Watak loro : - Apa sing jodho.
(dwi) -
Tangan, kembar, suku, mripat, karna, swiwi, bau, alis,
sungut lsp.
-
Kriyane tembung-tembung kasebut : nembah, lumampah, ndulu, mabur.
3.
Watak telu : - Geni, urub, benter, putri, estri,
jurit, sorot.
(telu) -
welut, cacing.
4.
Watak papat : - Banyu, kali, segara, sendhang.
(catur) - Keblat,
karya, kreta, rata.
5.
Watak lima : - Buta, angin, piranti, panah.
(panca) -
Dalan, pandhawa, alas, gaman.
6.
Watak nem : - Rasa, pait, eca, obah.
(sad)
- Wit, tawon, mangsa, kumbang.
7.
Watak pitu : - Pandhita, gunung, jaran.
(sapta) :
- Swarga, ageng, bungah.
8.
Watak wolu : - Gajah, esthi, kethek, ula.
(hasta) -
Baya, cecak, kadhal lsp.
9.
Watak sanga : - Bolongan, lawang, gapura.
(nawa) -
Guwa, terus, dewa, ganda.
10.
Watak kothong : - Suwung, kothong, lowong.
(das) -
Sirna, ilang, mati, tanpa.
Tuladha
: (pamacane sengkalan urut saka mburi mengarep)
1. Dwi
hasta ngesthi ratu :
1882
Dwi =2
Hasta =8
Ngesthi =8
Ratu =1
0 comments:
Post a Comment
Silahkan berikan komentar kamu.